Thursday, December 8, 2011

contonipun Pambagyohardjo by fonaindo

loading...
Pambagyohardjo

Assalammu'alaikum Wr. Wb.
Karahyon, katentreman, kawilujengan miwah kamulyan mugi tansah anumrapa dhumateng kawula dalah panjenengan sami.
Inggih kawilujengan, karahayon, kaslametan saha kanugrahaning Gusti mugi tansah lumintu dhumateng ngarsa panjenengan sami.
Bapak Ibu ingkang kula bekteni, sumangga kita tansah ngunjukaken pujo lan puji syukur wonten ngersa dalem Gusti Allah, inggih kanthi rohmat lan hidayahipun dhumateng kita sedaya saengga kita saged pepanggehan wonten ing pasamuan
pahargyan menika kanthi slamet lir ing sambikala.
Salajengipun kepareng matur dhumateng panjenenganipun Bapak Ibu sekalian. ingkang satuhu kula kurmati. Dhumateng para pinisepuh, sesepuh ingkang tansah satuhu luhuring budi, semanten ugi para tamu undhangan ingkang tansah kinurmatan.
Saestu kula nyuwun agunging samudra pangaksami awit kawula kumawantun pideksa wonten ngarsa panjenengan sami injih boten sanes minangkani mundhi dhawuh panjenenganipun Bapak Janu sekalian Kula wonten ngriki sepatah dados sulih sarira atur basa ingkang supados matur wonten ngarsa panjenengan sami, sepindah Bapak Janu kanthi bombonging manah ngaturaken panuwun ingkang ageng sanget saha ngaturaken atur pambagya harja sugeng rawuh jengandhika.
Salajengipun dipunsekecakaken anggenipun lelenggahan ngantos paripurnaning pawiyatan ing siang punika. Menggah mekaten pungkasane atur kawula hambok bilih anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan kirang mranani ing penggalih, saestu kula pribadi nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wassalammu'alaikum Wr. Wb.
loading...

No comments:

Post a Comment

Soal Masuk PTAIN (UIN) by fonaindo

Contoh soal masuk PTAIN termasuk UIN ada dibawah ini karena ada permintaan dari bang Kevin. DOWNLOAD semoga bermanfaat.